Cah Lugon - Wengi iki, pas wektu malem Jumat Legi, aku kelingan maneh karo awaku dhewe. Urip kadang kebak salah, dosa karo Gusti, anak, bojo, uga karo wong tuwa. Kadhang bingung kudu piye, pengin dadi wong sing luwih apik nanging isih gampang kebawa salah. Trus aku kelingan, yen kabeh kudu bali marang Gusti Allah. Ya wis, wengi sing tenang iki aku nyoba ndonga sing sederhana wae, nyuwun pangapura, rejeki halal, kesehatan, lan dijauhke saka godaan setan. Mugo-mugo Gusti kersa ngrungokke lan paring rahmat kanggo aku lan keluargaku.”

Bismillahirrahmanirrahim

Ya Allah, ya Rabb,

kula nyuwun pangapura

saking dosa-dosa kula, anak bojo kula

lan dosa tiyang sepuh kula.


Mugi Gusti paring rahmat lan hidayah,

supados kula tansah wonten ing dalanipun Gusti.

La ilaha illallah, Muhammadur Rasulullah.


Ya Allah, paringana kula slamet dunya lan akhirat.

Paringana berkah rejeki halal lan manfaat.

Paringana kesehatan badan lan kekuatan iman.

Paringana kula sabar ing saben cobaan.


Ya Allah, mugi tansah kula lan kulawarga

dipun adohaken saking godaan setan,

dipun kuataken iman Islamipun,

dipun paringi kabagyan lan katentreman.


Amin ya Rabbal ‘alamin.


Ngono kuwi, doa iki sejatine prasaja wae, nanging isine jero tenan. Wong urip kuwi pancen kudu eling, kudu akeh-akeh nyuwun pangapura lan ndedonga marang Gusti Allah. Muga wae saben malam Jumat Legi, atimu luwih ayem, luwih tentrem, lan luwih cedhak karo sing Gawe Urip. Sing penting ojo mung maca, nanging dirasakake lan ditindakake saben dina.

Mugo-mugo kabeh sing maca iki oleh berkah lan slamet.

Kudu, Jombang, 25 September 2025
Baca Juga

Related Posts