Urip iku ibarat lakon wayang, saben wong nduwé peran dhewe-dhewe sing kudu lakoni. Ora kabeh peran enak, ora kabeh gampang. Kadang dadi peran sing seneng, kadang uga kudu ngalami susah. Nah, iki sing disebut wajibe lelakon, mung kudu dilakoni.” 

wajibe lelakon
Kaya déné wayang sing manut marang dhawuhé Dalang (Gusti Kang Murbéng Dumadi), kita uga kudu nrima lan nglakoni apa waé sing dadi takdir urip. Ora perlu akèh ngresula (ngeluh), ora perlu akèh protès marang kahanan. Awit sejatiné, urip iki pancèn wis ana garis critané dhéwé-dhéwé, kaya déné "Kagungané Dalang" sing ora bakal klèru.


SABAR (tulisane sitik nglakoni setengah edan) iku kunci. Yen ketemu masalah, yen ketemu cobaan, sabar sing nggawe kita ora gampang ambruk. Wong Jawa biasane ngomong, “sing sabar bakal entuk pituduh.” Maksude, wong sing bisa sabar bakal luwih gampang ngerti makna lan hikmah ing balik kabeh cobaan.


Ora mung sabar, nanging kudu ati-ati. Ati-ati kuwi kaya rem ing kendaraan. Sabar iku bahan bakar, ati-ati kuwi rem. Yen ana bahan bakar tanpa rem, bisa keblabasan. Yen ana rem tanpa bahan bakar, ya ora maju-maju. Mula loro-lorone kudu seimbang.


baca juga : Jejak Doa di Pusara Leluhur


Ati-ati tegese mikir sakdurunge tumindak, ora grusa-grusu, lan tansah ngati-ati supaya ora salah langkah. Urip iki kadhang jebakane ora katon, mula kudu eling lang waspada..


Saben wong nduwé ujian urip dhewe-dhewe. Ana sing diuji karo rejeki, ana sing diuji karo kesehatan, ana sing diuji karo keluarga, lan ana sing diuji karo kahanan liyane. Lelakon urip kuwi sekolah sejatine. Yen bisa lulus, bakal luwih dewasa lan luwih ngerti makna urip.

Wajibe lelakon mung kudu dilakoni. Wajibe nglakoni mung kudu tansah sabar lan uga ngati-ati.”


Urip ora usah kakehan dipikir nganti mumet. Sing penting dijalani kanti iklas, sabar karo proses, lan ngati-ati saben tumindak. Gusti Allah mesthi bakal paring dalan lan panglipur kanggo saben lakon sing kita uripi.


Baca Juga

Related Posts